B. Daerah

Pertanyaan

Contoh paragraf persuasi bahasa jawa min. 5 paragraf. Please butuh kepastian :')

1 Jawaban

  • Babaya Ngrokok
    Salah sawijining tetuwuhan kang akeh ditandur petani Indonesia yaiku Mbako (tembakau). Mbako wis dadi salah sawijining komoditas ekspor penting saka Indonesia. Akehe produksi mbako ing Indonesia dadikake produksi rokok saben tahun sansaya mundak. Sayange, kedadean iki uga marakake kebiasaan masyarakat Indonesia yaiku ngrokok sansaya kenceng.

    Ing jaman modern iki, globalisasi wis nyebar tekan kabeh penjuru donya, kalebu Indonesia. Tradisi ala kayata ngrokok gampang digiyarake ana televisi. Bocah-bocah sekolah kang seneng nonton film luar negeri gampang niru tumindhak ala kasebut. Yen wong tuwa ora bisa milih acara kang pas lan njaga putra-putrine, aja kaget yen putra-putrine mau kenalan karo rokok.

    Rokok ngandhut kafein kang bebaya marang kesarasan jantung lan paru-paru. Nikotin kang diandhut rokok uga marakake kelumpuhan syaraf otot pernafasan, saengga bisa mateni konsumen rokok mau. Rokok ngandhut maneka senyawa kimia kayata piridin, amonia, karbondioksida, karbonmonoksida, asam organik, keton, aldehida lan tar. Yen nikotin ngransang syaraf otonom tumuju jantung, detak jantung konsumene dadi lendet.

    Antuk rokok kasedot dening wong kang mbobot bisa ngrusak perkembangan janin. Wong mbobot kang ngrokok bisa dadikake ukuran bayine luwih cilik tinimbang ukuran normal. Saliyane iku, kandhutan karbonmonoksida uga bisa marakake kematian janin.

    Ngiling-iling babaya ngrokok kang wigati banget, apa panjenengan taksih tetep pengen ngrokok ? (Yg ke2) Nguri-Nguri Kebudayaan Jawi Para mudha saiki ora nggateake kabudayaan jawi, para mudha malah dha seneng dening kabudayaan modern, kayata : Lagu pop, rock, dangdut, lan sapaunggalipun.Kabeh kabudayaan mau akrab karo madha-mudhi jaman saiki, kabudayaan jawi sing kudune akrab karo para mudha saiki malah kroso adoh amrga oratau di uri-uri. Tuladhane kabudayaan jawi kayata : kethoprak, geguritan, macapat, campur sari, gamelan lan sapanunggalipun.Kalebet kabudayaan kang edi peni, kethoprak inggih punika kabudayaan jawi ingkang nyeriosaken kauripan jaman kerajaan sandiwara wonten ing jaman sapunika ingkang kasebat drama. Geguritan inggih punika puisi jawi. Tembang macapat inggih punika tembang kang macane papat-papat cacahe wonten 11. Akeh wong manca negara kang sinau budaya jawa ingkang edi peni. Deweke ngangsukawruh marang pakar-pakar kabudayan jawi.Malah malah anggone sinau katon temenan banget, deweke deweke ngangsu kawruh kanti tenanan. Kabudayaan jawi kudu dilestareake, sapa meneh sing arep nglestareake yen ora awake dewe iki, yen dinengke wae, ojo kaget menawa kabudayaan jawi punika badhe ical, amargi kalah kaleh kabudayaan modern. mila niku kita tiyang jawi kedah sregep nyinauni lan nglestareake kabudayaan lan kejawenan kita

Pertanyaan Lainnya